Kamis, 02 Oktober 2014

Sampeyan bakal dadi seksi Ku.



"[Yesus] ngandika, '. . .
Sampeyan bakal dadi saksi Ku. . . nganti
tekan poncoting bumi sing paling adoh. "- Kis. 1: 7, 8.

Apa sedulur2 biso njawab?

Kepriye carane Yesus mbukte ake Yen "Allah iku kaslametan ?"

Apa  tegese nalika Yesus ngandika, "Sampeyan bakal dadi seksi? "

Apa kita yakin manawa kita bakal kasil ing martakaké  "warto sing luwih apek " iki ?


sak wise iku, Rasul Paulus banjur martak ake Yen Gusti Yesus iku dadi seksi sing nggawe "Piwulang sing apek kanggo wong2 kabeh ing ngarepe Pontius Pilatus " (1 Tim 6:13 )

 Kita manggon ing donya sing di prentah lan di kuasan nin karo Setan sing  kebak  kabencen ne.

 Supaya kito terus martak ake kabar apek kuwi,kito kudhu kenndel koyo Gusti Yesus,"seksi kang setyo lan bener ".Wahyu 3:14.

2 Ing dina lawas, kabeh wong Yahudi disebut seksi Yehuwah , nanging Gusti Yésus sing utama . (Yes. 43:10)


 Sadurunge Gusti Yesus lahir ing donyo, malaekat Yehuwah ngandani marang Yusuf  bapak angkate,
"Sampeyan kudu  menehi  jeneng  Yesus, amarga bocah iki bakal nylametaké wong2 saka dosa  dosa ne." (Mat 1:20,21 )



Ing basa Ibrani, jeneng Gusti Yesus ateges "Allah iku Kaslametan".

Saka wiwitan, Pangeran Yehuwah sedya  nggunakake Gusti Yesus kanggo nylamet ake  manungsa soko dosa lan pati.

Selaras karo tegese jeneng Gusti Yesus ,sakbenere Yesus kuwi ngandani  marang wong2 Yahudi ,supoyo podo mratobat soko dosa ne supoyo di trimo maneh karo  Gusti Allah Yehuwah.(Mat 10:6; 15:24 ; Lk 19:10 ).

  Dheweke (Yesus ) uga menehi kesaksian bab Kratoning Allah.

Markus ugo nulis, "Gusti Yésus tindak menyang Galiléa, martakaké kabar apik saka Gusti Allah lan
ngandika," wektune wis tekan kawujud, lan Kratoning Allah wis cedhak,podo mratobat to, lan pracaya ing warta luwih apik iki " (Mk 1:14,15 )

 Gusti Yesus martakaké  warto sing apek iki karo kendel lan sregep. Malah wani nyelathu lan mbukak kedok kasesatanne poro pemimpin agama Yahudi, Yo amergo bab iki mengko di dadek ke salah sijine alesan kanggo merjayani lan nyedani  Gusti Yesus.-Mk. 11:17, 18; 15: 1-15

 
1,2.(a)Sopo seksi utomoYehuwah ?

jawab :Ing
dina lawas, kabeh wong Yahudi disebut seksi Yehuwah , nanging Gusti Yésus sing
utama . (Yesus. 43:10)


(b)Apa tegese jenenge Yesus kuwi,lan opo sing di tinda ake Yesus supoyo wong Yahudi di trimo maneh karo Gusti Allah Yehuwah ?
Jawab :
Ing basa Ibrani, jeneng Gusti Yesus ateges "Allah iku Kaslametan".

Lan sing di tinda ake Yesus yo iku :

Saka wiwitan, Pangeran Yehuwah sedya  nggunakake Gusti Yesus kanggo nylamet ake  manungsa soko dosa lan pati.
Selaras karo tegese jeneng Gusti Yesus ,sakbenere Yesus kuwi ngandani  marang wong2 Yahudi ,supoyo podo mratobat soko dosa ne supoyo di trimo maneh karo  Gusti Allah Yehuwah.(Mat 10:6; 15:24 ; Lk 19:10 ).




"Perkoro perkoro Gede soko Allah Yehuwah " 3 Telung dina sawise Gusti Yesus dipunpejahi kathi kejem, ono kedhadean kang gegumuni.
Pangeran Yehuwah ngewungu ake Gusti Yesus soko ing teleng palimengan, ora karo nganggo "awak wadak " ,nanging nganggo "awak roh ".(1 Petrus 3:18)
 

 Banjur, kanggo mbuktèkaké yèn Panjenengané wis wungu, Gusti Yesus muncul  nemoni murid murid te lan jilmo dadi  koyo menungso.



 Ing dina piyambakipun ditangekake, Gusti Yesus sak ora2 ne nemoni murid2 te ono kaping limo. Mat. 28: 8-10; Lk. 24: 13-16, 30-36; Joh. 20: 11-18.

3 Apa kedaden telung dina sawise Yesus seda? (Pertanyaan )
Jawab :
Telung dina sawise Gusti Yesus dipunpejahi kathi kejem, ono kedhadean kang gegumuni.
Pangeran Yehuwah ngewungu ake Gusti Yesus soko ing teleng palimengan, ora karo nganggo "awak wadak " ,nanging nganggo "awak roh ".(1 Petrus 3:18)




4 Poro rasul lan  wong liya-liyane padha nglumpuk nalika Gusti Yesus muncul wektu kang kaping limo.

 Banjur, Gusti Yesus nerangaken bilih pati lan wungunipun meniko sampun  di pun wedaraken  utawi ramalanken wonten ing kitab suci poro Nabi.

 Ing  wekasan saka patemon Penting iku, Gusti Yesus maringi dawuh opo wae sing kudhu di tindha ake  karo poro murid te.
 Panjenenganipun ngendiko "ing dedasar saka asmane,pratobatan soko dosa bakal di wenehi pangapuro lan di warta ake karo ing kabeh bongso --- soko Yerusalem".
Banjur, Gusti Yesus  mprintah iki, "Sampeyan kudu dadi seksi kanggo perkoro iki kabeh  "-. Lk. 24: 44-48.

4 Apa  sing Yesus  tinda ake naliko muncul nemoni poro murid2 te, Lan printah opo sing di titah ake ?(pertanyaan )

Jawab:

Poro rasul lan  wong liya-liyane padha nglumpuk nalika Gusti Yesus muncul wektu kang kaping limo.

 Banjur, Gusti Yesus nerangaken bilih pati lan wungunipun meniko sampun  di pun wedaraken  utawi ramalanken wonten ing kitab suci poro Nabi.

Lan Ugo ngan diko :
 "ing dedasar saka asmane,pratobatan soko dosa bakal di wenehi pangapuro lan di warta ake karo ing kabeh bongso --- soko Yerusalem".
Banjur, Gusti Yesus  mprintah iki, "Sampeyan kudu dadi seksi kanggo perkoro iki kabeh  "-. Lk. 24: 44-48.



5Dadi ,sak suwine  40 dino poro murid ketemu karo Gusti Yesus, poro rasul yo mesti ngerti banget karo opo sing di printah ake Gusti Yesus lan kudu di tidak ake , sak wise di tinggal miyos menyang swargo.

Gusti Yesus ngandika, "Sampeyan bakal dadi saksi ing Yerusalem lan ing kabeh Yudéa lan Samaria, lan
. bagean paling adoh saka bumi "(Para Rasul 1:. 8)

Murid-muridé Gusti Yésus iku wong Israel, kang wis dadi saksi Pangeran Yehuwah.

Nanging saiki, wong israel yo ugo padha  bakal  dadi saksi saka Gusti Yesus.

 Apa to tegese iku ?

6 Iku tegese wong2 Israel khudu marta ake yen saiki Gusti Allah Yehuwa ngguna ake Gusti yesus kanggo nyelametake manungso soko  dosa lan pati.

 Liwat Gusti Yésus, Pangeran Yehuwah bisa nyedhiyani keslametan luwih becik saka sadurunge kang kanggo wong2 Israel.
 Seda lan wungunipun Gusti Yesus Kristus bisa mbebasake manungsa sako dosa lan pati.

 Sak wise di njebadi Roh Suci ing 33 Pentakosta M, para rasul Gusti Yesus martakaké "Prakoro prakoro gedhe soko Gusti Allah Yehuwah " punika.

 Wekasane kasil, akeh wong mratobat, lan podo ngimani ing pangorbaning Gusti Yesus, lan dibaptis.

Ing swarga, Pangeran Yehuwah maringi panguoso anyar marang Gusti Yesus, lan gunakake Gusti Yesus kanggo nylamenta ke  ewonan wong ing bumi. -Kisah Para Rasul. 2: 5, 11, 37-41.

5, 6 (a) Murid2  te Yesus mengko bakal dadi seksine sopo ?
jawab : bakal dadi seksi Yehuwa.
Murid-muridé Gusti Yésus iku wong Israel, kang wis dadi saksi Pangeran Yehuwah.
Nanging saiki, wong israel yo ugo padha  bakal  dadi saksi saka Gusti Yesus.
 Apa to tegese iku ?
 Iku tegese wong2 Israel khudu marta ake yen saiki Gusti Allah Yehuwa ngguna ake Gusti yesus kanggo nyelametake manungso soko  dosa lan pati.
 Liwat Gusti Yésus, Pangeran Yehuwah bisa nyedhiyani keslametan luwih becik saka sadurunge kang kanggo wong2 Israel.
 Seda lan wungunipun Gusti Yesus Kristus bisa mbebasake manungsa sako dosa lan pati.

(B) Para muride Yesus bakal martakaké apa?
 (Pertanyaan )
Jawab :
Sak wise di njebadi Roh Suci
ing 33 Pentakosta M, para rasul Gusti Yesus
martakaké "Prakoro prakoro gedhe soko Gusti Allah Yehuwah " punika.
 Wekasane kasil, akeh wong mratobat,
lan podo ngimani ing pangorbaning Gusti Yesus, lan dibaptis.


"Tebusan kanggo kabeh manungso "
7 Kedadian2  ing Pantekosta thn 33 M,
mbuktekake  yen Gusti Allah Yehuwah nampa panebusé
Yesus punika sampurna kanggo  nguwali dosaning manungso kabeh. (Ibr  9:11, 12, 24)

 Gusti Yesus
ngandika  yen tekaning dhewe e ing donyo iki " ngulungake ka uripane kanggo nebus lan ngijoli uripe wong kabeh.(Mat 20:28)

Apa mung  Wong Yahudi sing bakal entuk manfaat? Ora, amarga tebusan  iki"kanggo  nyisihaken  dosa soko donya". Lan Gusti Allah kepengin " kabeh wong di slametake" .- Joh. 1:29; 1 Tim. 2: 4-6.

7.Opo sing dibuktine neng  kedadian2 ing dino Pantekosta thn 33 masehi  iku?(pertanyaan )
jawab:
Kedadian2  ing Pantekosta thn 33 M, mbuktekake  yen Gusti Allah Yehuwah nampa panebusé
Yesus punika sampurna kanggo  nguwali dosaning manungso kabeh. (Ibr  9:11, 12, 24)

 Gusti Yesus ngandika  yen tekaning Panjenengane ing donyo iki " ngulungake ka uripane kanggo nebus lan ngijoli uripe wong kabeh.(Mat 20:28)


8.Murid2 mongso wiwitan  kuwi npodho karo wani olehi terus marta ake kaseksenane bab Yesus.

Kepriye anggone poro rasul ninda ake ? Yo musti dudu soko kakuatane poro rasul dhewe.
Poro rasul nyuwun  pitulunghan karo Roh kuduse Yehuwah kareben biso ngawe kaseksen klawan wani. (Baca PAMARGIN PARAUTUSAN 5: 30-32.)
Kiro2 27 thn  soko wiwitan kaseksen,murid2 te Yesus wis marta ake " kabecik an pawarto becik iku " karo wong2 Yahudi lan dudu wong Yahudi "karo kabeh sing  wis di cipta ake ono ing salumahing bumi lan  ing sakurebing langit."- Kolose 1:5,23

8.Kepriye carane murid2 kang kawitan biso nggawe kaseksen bab Yesus ,lan opo asil le ? (Pertanyaan )
jawab :
Murid2 mongso wiwitan  kuwi karo wani olehi terus marta ake kaseksenane bab Yesus; Poro rasul nyuwun  pitulunghan karo Roh kuduse Yehuwah kareben biso ngawe kaseksen klawan wani.
Lan opo asile: asile,
Kiro2 27 thn  soko wiwitan kaseksen,murid2 te Yesus wis marta ake " kabecik an pawarto becik iku " karo wong2 Yahudi lan dudu wong Yahudi.



9 Sayange,  suwe suwe, ana anggota jemaah sing wiwit memulang  sing ora bener utowo murtad soko ajarane Gusti yesus . (Para Rasul 20:29, 30; 2 Pet 2:. 2, 3; Jude. 3, 4)


Akhire,guru2 palsu iki blasukaken kabeh ajarane gusti Yesus marang kabeh pasamuan.
 Gusti Yesus wis medhar wangsit  yen bakal ono kamurtadan ing kabeh pasamuan kristen nganting wekasane zaman.(Mat. 13: 37-43)


Ing Oktober 1914, Pangeran Yehuwah ngangkat lan njumenengaken  Gusti Yesus minangka Raja Kratoning Allah.
Ing wektu iku,diwiwitani penutup lelakon,utowo" dino2 akhir lelakon" donya ne Setan.-- 2 Tim 3:1

9.Koyo sing wus di wedhar wangsite GustiYesus,yok opo kedadean ing pasamuan kristen sampek sanprene ?(pertanyaan )
Jawab :
Sayange,  suwe suwe, ana anggota jemaah sing wiwit memulang  sing ora bener utowo murtad soko ajarane Gusti yesus . (Para Rasul 20:29, 30; 2 Pet 2:. 2, 3; Jude. 3, 4)
Akhire,guru2 palsu iki blasukaken kabeh ajarane gusti Yesus marang kabeh pasamuan.
 Gusti Yesus wis medhar wangsit  yen bakal ono kamurtadan ing kabeh pasamuan kristen nganting wekasane zaman.(Mat. 13: 37-43)

10 Luwih saka 30 taun sadurunge Oktober 1914, ana wong Kristen sing di jebati wis martakaké yen ing tahun penting iku Kratoning GustiiAllah bakal wiwit nindhakake pemrintahan soko ing swargo.
Kabeh wong kuwi podho ngerti margo soko kitab nabi Daniel bab wit gedeh sing di tebang,nanging arep tuwuh maneh sak wise kolo mongso sing di tamtok ake.(daniel 4:16 )

Yesus ugo wis ngandani lan ngewenehi todo2 ne yen panjenengane wis dadi rojo lan wus ngelaksanaake pamretahan  kratoning Allah soko ing swargo;lan yo iku tetengering  witaning dino2 akhir.

Kedadean sing ono donyo wiwit 1914 cetha mbuktikkake yen Yesus wus jumeneng dadi rojo ing kratoning Allah. (
Mat 24: 3, 7, 14;. Lk. 21:24)
Dadi, salah siji saka "perkaraperkara kang luwih saka Allah "saiki dakwartakake ana ing taun 1914, Pangeran Yehuwah wis jumengake Gusti Yesus minangka Raja ing kratoning Gusti Alah.

10
(a) Tahun opo sing di warta ake karo wong2 sing di jebadi ?
Jawab :
Luwih saka 30 taun sadurunge Oktober 1914, ana wong Kristen sing di jebati wis martakaké yen ing tahun penting iku Kratoning GustiiAllah bakal wiwit nindhakake pemrintahan soko ing swargo.

(B) Kedadean opo kang wus di lakoni ing thn 1914 , lan soko ngendi kito paham  lan mangerti bab kuwi ? (pertanyaan )
Jawa: Yaiku perang gede sak donyo,ora nate ono sak durunge.
Kedadean sing ono donyo wiwit 1914 cetha mbuktikkake yen Yesus wus jumeneng dadi rojo ing kratoning Allah. (Mat 24: 3, 7, 14;. Lk. 21:24)
Kabeh wong kuwi podho ngerti margo soko kitab nabi Daniel bab wit gedeh sing di tebang,nanging arep tukhul  maneh sak wise kolo mongso sing di tamtok ake.(daniel 4:16 )



 
11 Sawise dadi raja ing taun 1914, Gusti Yesus Kristus mulai ngluari panderek ipun yo iku kaum kang dijebati soko  ing" Babel gehde " Yo iku agama palsu .(wahyu 18:2,4 )
 Sak wise perang sak donyo kaping pisan rampung,mulai thn 1919  "Kaum kang di jebati "  bisa  nggawe kaseksen  luwih bebas ing salumahing bumi.

Kabeh podho nggawe kaseksen bab tebusan Yesus,sing nggowo kaslametan lan pawarto becik kratoning Allah.
Asile ono ewu an luwih wong sing sinau kabeneran lan di jebati  lan yo ugo dado rojo  memrintah barengYesus ing kratoning Gusti Allah.ono ingn swago.
12 Ing taun 1935, Kristus wiwit klumpukne "domba2  liyane".
Saiki, domba domba liyane wis mayuta-yuta ing saindhenging donya.
Bebarengan karo kaum kang dinjebadi, padha
tiru kekendele Kristus lan nggawe kesaksen kanggo wong liyane.
Domba2 liyane
uga pracaya pangorba ning Yesus kuwi siji2ne dalan ka uripan kang langgeng.
Kabeh podho mangerteni yen kuwi kabeh kudu di tinda ake kalayan tekun lan urip sing neyeng ngake marang Gusti Allah Yehuwah.
Mangkono, padha o  bisa tahan uji "ing kolo mangsa kasangsaran gede"supoyo podho kabarkahan urip manggon ing donyo anyare Gusti Allah Yehuwa .-Yhn 10:16; Rev. 7: 9, 10, 14.

11, 12. (a) Apa sing Gusti Yesus tinda ake sak wise Panjengane dadi rojo,lan opo sing kedadean sak wise iku ?  
jawab :
Sawise dadi raja ing taun 1914, Gusti Yesus Kristus mulai ngluari panderek ipun yo iku kaum kang dijebati soko  ing" Babel gehde " Yo iku agama palsu .(wahyu 18:2,4 )
kedadean sak wise iku :
Sak wise perang sak donyo kaping pisan rampung,mulai thn 1919  "Kaum kang di jebati "  bisa  nggawe kaseksen  luwih bebas ing salumahing bumi.

Kabeh podho nggawe kaseksen bab tebusan Yesus,sing nggowo kaslametan lan pawarto becik kratoning Allah.
Asile ono ewu an luwih wong sing sinau kabeneran lan di jebati  lan yo ugo dado rojo  memrintah barengYesus ing kratoning Gusti Allah.ono ingn swrago.


(b)Opo sing Yesus tinda ake ing taun 1935 ? (Lihat gambar di bagian awal dalam edisi standar)(Pertanyaan )
jawab :
Ing taun 1935, Kristus wiwit klumpukne "domba2  liyane".
Saiki, domba domba liyane wis mayuta-yuta ing saindhenging donya.
Bebarengan karo kaum kang dinjebadi, padha
tiru kekendele Kristus lan nggawe kesaksen kanggo wong liyane.



"Kita kudu ngewartak ake kabar apek kratoning gusti Allah kanthi wani "
13 Kito dhuweni  pakurmatan kanggo mreksanono bab ' Perkoro2 gedhe iku' sing Yehuwah tinda ake 
lan prajanji kanggo mongso ing ngarep.
Pancen, iku ora tansah gampang kanggo terus di lakoni.
Wong2 bisa nolak pawarta kita utawa malah nyiksa kita.
Yèn mangkono, kita kudu tiru Rasul Paulus lan para kancanipun.
Paulus ngandika, "Aku kudu wani nindak ake kewanen ku  amargo Gusti Allah Yehuwah kumandel ku kanggo  ngewartaake kabar sing apek soko Gusti Allah nganggo  perjuangan sing abot kanggo kowe.(1 tes 2:2 )
Kito kudu tetep nepati janji sing kito anak ake sak mongso kita ngabekten marang Gusti Allah.
 Kita kudu tetep setya marang Pangeran Yehuwah naliko donyane setan di gawe "Acur lebur "koyo lebu .(Yes.6:11 )
Nanging, kita bakal ora bisa nindakake karo kekuatan kita dhewe.
Kaya wong
 Kristen-abad se pisan, kita kudu njalok roh kuduse  Pangeran Yehuwah kang suci supoyo nduweni "Daya kang ngluwihi apa sing normal". -wacanen Korinta 4: 1, 7; Lk. 11:13.


13 Dadi seksi Yehuwah ,apa tekad kito mutusake masalah, lan carane
kita bisa nurun  karo wong Kristen kawitan-abad? (pertanyaan )
Jawab :
dhuweni  pakurmatan kanggo mreksanono bab ' Perkoro2 gedhe iku' sing Yehuwah tinda ake 
lan prajanji kanggo mongso ing ngarep.
Pancen
, iku ora tansah gampang kanggo terus di lakoni.
Wong2 bisa nolak pawarta kita utawa malah nyiksa kita.
Kito kudu tetep nepati janji sing kito anak ake sak mongso kita ngabekten marang Gusti Allah.
Ugo :
Kaya wong  Kristen-abad se pisan, kita kudu njalok roh kuduse  Pangeran Yehuwah kang suci supoyo nduweni "Daya kang ngluwihi apa sing normal". -wacanen Korinta 4: 1, 7; Lk. 11:13


14 Dina iki, ana mayuta-yuta wong sing ngaku Kristen, Nanging, padha nindakake samubarang kang
Gusti Allah sengiti . (Tit 1:16)
 Ing abad pisanan, akeh wong ora nyembah marang Gusti Allah nganggo karsane Gusti Allah.
 Iku sebab e wong kristen sejati,podo di gethingi wong akeh.
Kanggo nggedek no atine wong krsten sejati,rasul Petrus ngandiko ,"Yen kowe di ece amargo namane Gusti Yesus Kristus ,sampeyan karahayon "
Kenapa Sampeyan karahayon? iku amergo  sampeyan oleh perkenanne Gusti Allah lan  nduweni roh kuduse.-1 Petrus 4:14
15
Apa seksi Yehuwa sak iki "di ece amergo jenengeKristus ?"  Yo,amargo kito ora mung nekseni bab Sang Yehuwah,nanging ugo mreksanono marang bab Gusti Yésus lan martakaké sing
dadi Raja ing Kratoning Allah.
Gusti Yésus uga di kuyo2 amargo dadi seksi Yehuwah.
Panjenengane ngandiko marang mungsu e ,"Aku  wis teko nganggo jenenge bapak KU,nanging kowe kabeh podho ora nompo Aku ."- (yhn 5:43 )
Dadi, yen wektu sampeyan di kuyo2 mergo menehi kaseksen.elingo yen Gusti Allah nrimo pangabekten sampeyan lan sampeyan wis dhuweni roh kudese Gusti Allah.

14,15 (a ) Ing abad kapisan,apa kang kedaden marang wong kristen sejati,lan kepriye carane Rasul Petrus nyemangati wong2 mau ?
Jawab :
Ing abad pisanan, akeh wong ora nyembah marang Gusti Allah nganggo karsane Gusti Allah.
 Iku sebab e wong kristen sejati,podo di gethingi wong akeh.

Kanggo nggedek no atine wong krsten sejati,rasul Petrus ngandiko ,"Yen kowe di ece amargo namane Gusti Yesus Kristus ,sampeyan karahayon "
Kenapa Sampeyan karahayon? iku amergo  sampeyan oleh perkenanne Gusti Allah lan  nduweni roh kuduse.-1 Petrus 4:14.


(b)Apa sing kudu kita elling2 naliko kita di kuyo2 amergo kitho dadi seksi Yehuwah ?
Jawab :
Yo kitho kudu eling amergo ora mung nekseni bab Sang Yehuwah,nanging ugo mreksanono marang bab Gusti Yésus lan martakaké sing dadi Raja ing Kratoning Allah.
Gusti Yésus uga di kuyo2 amargo dadi seksi Yehuwah.
Dadi, yen wektu sampeyan di kuyo2 mergo menehi kaseksen.elingo yen Gusti Allah nrimo pangabekten sampeyan lan sampeyan wis dhuweni roh kudese Gusti Allah.

16 Kajaba iku, elinga yen isih ana akeh wong ing saindhenging donya sing nampa bebener.
Ora perduli ning  ngendi kita manggon, malah ing wilayah sing asring di wartani, ana  wong sing isih arep krungok ake pa warta kitho.
Dadi, nalika kita ketemu karo wong kaya iku,pestek no yen kitho biso ketemu maneh, lan miwiti ngana ake piwulangan Alkitab.
 Kanthi mengkono, kita bisa mbiyantu wong kanggo mangerteni Gusti Allah Yehuwah lan
nggawe pengabdian lan ugo di baptis.
Kepriye rasane penggaliih sampeyan sawektu ngelaksana ake penggawean iki ?
 Sarie ing Afrika Kidul, kang saiki 60 taun luwih dadi seksi Yehuwah, ngomong, "Aku ngucapke matur nuwun sing banget  liwat kurban tebusan Gusti Yésus, aku dhuweni  hubungan kang  apik karo Pangeran Yehuwah, Gusti Panguoso ing  jagad.
Aku uga seneng  bisa martakake asmane Yehuwah kang maha mulya .
 "Dheweke lan Bojone, Martin, wis mbantu anak telu lan akeh wong dadi penyembah
Pangeran Yehuwah.
 Lan nambah ake, "Ora ono panggawean kang luwih marem ing ati, Kajaba martaake  pawarto ne kratoning Allah.
Lumantar Roh Suci, Pangeran Yehuwah paring kekuatan kanggo terus nylamet ake  ka uripane wong2 kabeh.

17 Ora amergo kita wis dibaptis utawa ora, kita  ngucapke matur nuwun marang hak istimewa biso ana klumpuk ing antarane saksi2 Yehuwah .
Dadi terusno tetep nggawe  paseksi  kang apek rapet bebarengan  karo  umate Gusti Allah  ing saindhenging donya, lan  supaya sampeyan tetep resik saka donya iblis.
Kathi Makaten, sampeyan bakal ngluhuraken  asmane Yehuwah ingkang kitho wakili ,Rama swargi kito kang mohoasih,Pangeran Yehuwah.

16,17( a)Kepriyen rasane ati ne  umat Yehuwa saindhenging  donya gandeng karo nindak ake pewartaan ?
jawab :
Umate Yehuwa saindhenging donya podho seneng marta ake kratoning Allah ?
contone :
Sarie ing Afrika Kidul, kang saiki 60 taun luwih dadi seksi Yehuwah, ngomong, "Aku ngucapke matur nuwun sing banget  liwat kurban tebusan Gusti Yésus, aku dhuweni  hubungan kang  apik karo Pangeran Yehuwah, Gusti Panguoso ing  jagad.
Aku uga seneng  bisa martakake asmane Yehuwah kang maha mulya .

 "Dheweke lan Bojone, Martin, wis mbantu anak telu lan akeh wong dadi penyembah Pangeran Yehuwah.

(b) Apa tekad panjenengan ?
Sing dadi tekad ku yo  kudhu mempeng  marta ake kratoningGust Allah ,supoyo Gusti  Allah seneng penggalihe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar