Kamis, 02 Oktober 2014

Apa perane wanita tumrap ing rancangane Yehuwa ?




Apa dampak ora  setia ne poro wanita ?
Apa sing di tindak ake poro wanita ing zaman biyen?
Kanapa wanita2 kristen zaman sak iki disebut " bala tentora sing gedhe " ?(Mzr 68:11 )



1Pangeran Yehuwah nduwe alesan naliko nggawe bumi.
Panjenganipun iku ngawangun bumi supoyo di enggoni lan di kebak i karo manungso.(Yes 45:18).
Adam,wong sing kawitan digawe sampurno.
Yehuwa maringin dewek e taman Eden,panggonan kang endah.Akeh wit2 tan kang apek wohen kanggo di pangan lan ugo kewan2 kang nyeneng ake.
 Nanging ono sing kurang.
Pangeran Yehuwa mirso, lan panjenenganipun ngandika ," Ora apek yen manungso kuwi ijen sak lawase lan ora nduwe konco  sing  sarupo  ".

Aku bakal nggawe  pitulung kanggo dewek e,supoyo manungso kuwi sampurno sak jodo.
Banjur Pangeran Yehuwa nyebab ake Adam  pati keturon; banjur Yehuwah nyupuk salah siji balung igone  lan banjur di gawe dadi wong  wadon.

Naliko Adam tangi soko turune;dewek e seneng banget ndeleng wong wadon iku ! Lan celathu : "Akhire yo iki  daging soko dagingku lan lulang sono lulangku "- Pur dumadi. 2:18-23.

2Wong wadon iku hadiah kanggo Adam soko Gusti Allah.
Lan yo dadi pitulungane kang sampurno kanggo Adam. Deweke yo ugo di wenehi hak istimewa kanggo biso nduwe anak.Alkitab ngandiko :"Adam menei jeneng bojone mau Kawa,sabab deweke bakal dadi ibune sakabening manungso sing urip ing donyo."(Purwaning dumadi 3:20 )
Adam lan Kawa yen tumindak bener yo bakal iso nurun ake manungso2 kang sampurno ing donyo iki.
Bopo biyung kitho lan turunane nduweni hak kang istimewa ndadek ake kabeh ing bumi iki dadi Pirdus.

1,2.(a)Apa wae sing Yehuwah  weneh ake karo Adam?
Jawab :

Adam,wong sing kawitan digawe sampurno karo Allah Yehuwah.
Yehuwa maringin dewek e taman Eden,panggonan kang endah.Akeh wit2 an  lan ugo woh2 an kang enak dipangan  lan yo ugo kewan2 kang nyeneng ake.
(b) Kenapa Allah Yehuwa maringi Adam bojo ?
jawab:
Iku amergo Allah Yehuwah ndeleng Yen Adam iku ora apik Yen urip dewe sak lawase,mulo banjur Adam diwenehi  pitulung kang sepadan karo dewek e,lan yo ugo kanggo bojone supoyo manungso kuwi biso urip bebrahanan lan tangkar tumangkar supoyo ngebai bumi lan yo ugo yoso Pirdus ing sa idhenge bumi kabeh.

3.Supoyo di welasi karo Gusti Alah,Adam lan Kawa perlu nggatek ake Yehuwah  lan ngajeni kuasane Gusti Allah.(Pur d.2:15-17) Mung karo tetep setiyo marang Gusti Allah,deweke biso nindaake karsane Gusti Allah.
Sayange Adam lan Kawa ora nggatek ake pangandikaning Gusti Allah,malah deweke nuruti omongane Setan  ,yo kuwi kang njalari tibaning manungso menyang dosa marang Allah.(Pur d 3:1-6;wahyu 12:9)

3.(a) Supoyo di welasi karo Gusti Allah,apa sing perlu di tinda ake karo Adam lan Kawa,mung apa kedadeane ?
Jawab :
 Supoyo di welasi karo Gusti Alah,Adam lan Kawa perlu nggatek ake Yehuwah  lan ngajeni kuasane Gusti Allah,sarta nuruti pangandikane.(Pur d.2:15-17)Mung karo tetep setiyo marang Gusti Allah,deweke biso nindaake karsane Gusti Allah.
Sayange Adam lan Kawa ora nggatekke pangandikaning Gusti Allah,malah deweke nuruti omongane Setan,  yo kuwi sing njalari tibaning manungso menyang dosa marang Allah.(Pur d 3:1-6;wahyu 12:9)

(b ).Pitakon opo sing arep kitho rembuk ?
jawab:
apa,Asile yen kitho ora setyo.

Asile Yen kitho ora setyo . 4.Naliko Gusti Allah nakoni Adam kenapa deweke ora setyo,deweke malah mbulat mbulet,lan celathu :"Wong wadon sing panjenengan paring aken kalian kulo menika ingkang maringi kulo supados nedho wohing wit ""Pangawruhing becik lan olo" niku;banjur nggih  kulo tedho". (Pur d.3:12 )
Adam keto e ora nyesel karo opo sing di tindak ake.Malah,nyalah ake Kawa lan ugo Gusti Allah Yehuwah sing cipta ake lan maringi dewek e bojo.
Sanajan Adam lan Kawa podho salah,nanging Yehuwah nganggep yen kuwi kabeh tanggung jawabe Adam.
Mulo iku sebab e Alkitab nulis  ake "Amergo dosa mblebu ing donya liwat wong siji yo iku Adam sing jalari dewe e mati; lan ugo pati soko dosa."-Rum 5:12.

4.Sapa sing mertanggung jawab ake dosa ne Adamlan Kawa ?
jawab : Adam.
Sanajan Adam lan Kawa podho salah,nanging Yehuwah nganggep yen kuwi kabeh tanggung jawabe Adam.
Mulo iku sebab e Alkitab nulis  ake "Amergo dosa mblebu ing donya liwat wong siji yo iku Adam sing jalari dewe e mati; lan ugo pati soko dosa."-Rum 5:12.

5.Setan mestek ake Adam lan Kawa yen karone kabeh podho ora mbutuh ake Allah Yehuwah kanggo mrintah deweke.
Perkoro iki podho wae karo nggugat Gusti Allah Yehuwah lan nganak ake pitakonan ,sopo sing nduwe hak mrintah manungso ? Kanggo jawab perkoro kuwi; pangeran Yehuwah ngizin ni manunggso ngatur awake dewe  utowo ngawe pamarintahan kanggo awae dewe lan menehi wektu sing cukup supoyo biso mbuktek ake pe mikirane lan Gusti Allah yo ugo ora melu cawe2 bab pamarintahan iku.
Apa wis ono asile ?
Manungso wis nyeba ake bebedhu lan ugo karusaan ing donyo iki.
liwat 100 thn iki wae kiro2 100 yuta wong mati mergo soko perang.
Koyo sing di tulis Alkitab,"manungso sing mlaku kuwi ora nduweni kuaso netepke langkah e ".(Yer 10:23 ) Mulo iku sebab e wong kristen sing sejati  ngakoni yen Gusti Allah Yehuwah kuwi  penguasane. (Baca Mustikaning Khidung 3:5,6 )

5.Apa asile naliko manungso mamrintah tanpo campur tangane Allah Yehuwa?
Jawab
: asile yo ciloko.
Manungso wis nyeba ake bebedhu lan ugo karusakan ing donyo iki.
liwat 100 thn iki wae kiro2 100 yuta wong mati mergo soko perang.
Koyo sing di tulis Alkitab,"manungso sing mlaku kuwi ora nduweni kuaso netep ake langkah e ".(Yer 10:23 ) Mulo iku sebab e wong kristen sing sejati  ngakoni yen Gusti Allah Yehuwah kuwi  penguasane. (Baca Mustikaning Khidung 3:5,6 )

6.kabeh wong, lanang apa wadon, yo ngalami karubedan lan kangelan urip ing donya kang di kuasanin karo Setan.(Kohelet 8:9;1 Yhn 5:19 )
Nanging, wong wadon sing akeh dadi korban ing donya kang jahat iki.Misale : ing sak donyo;ono 1 ing antarane 3 wanita sing dadi  korban amergo di ani oyo karo bojone utawa pacangane  dewe.
Ugo ing  pirang2 budoyo anak lanang sing luweh di senengi .Kenapa?
Sebab sak wise dewasa anak lanang biso nerus ake jenenge  keluargo ne lan uga ngurus wong tua ne.
Ing enggon liyane,anak wedok di anggep ora mbejaji lan okeh sing di gugur ake karo wong tuane.

6.Ing okeh negoro,kepriye bakal di tinda ake kanggo wanito lan anak wadon ?
Jawab:
wong wadon sing akeh dadi korban ing donya kang jahat iki.
Misale : ing sak donyo;ono 1 ing antarane 3 wanita sing dadi  korban amergo di ani oyo karo bojone utawa pacar re  dewe.
Ugo ing  pirang2 budoyo anak lanang sing luweh di senengi .Kenapa?
Sebab sak wise dewasa anak lanang biso nerus ake jenenge  keluargo ne lan uga ngurus wong tua ne.
Ing enggon liyane,anak wedok di anggep ora mbejaji lan okeh sing di gugur ake karo wong tuane.

7.Pangeran Yehuwah ora seneng babar blas karo kadurjana marang wong wadon.Panjenengane gatek ake wanito kathi adil lan kormat.Yehuwah ora nyiptaake Kawa kanggo batur  tukone Adam.
Kawa sampurno ing sipat kang nduweni kalengkapan kanggo Adam.
Yo iku salah sijine alasan alkitab kang ngandak ake ;"sak wise Gusti Allah rampung anggone yoso ciptaan kabeh trus,panjenengane ningali; yen sing di ciptak ake kuwi  "kabeh wis linuwih apek."(Pur d.1:31 )
Nyoto yen Adam lan Kawa kawitan uripe iku ing kahanan linuwih becik banget.

7. Yok apa kauripane Adam lan Kawa ing kawitan ?
Jawab:

Nyoto Ing kawitan uripe Adam lan kawa ono kahanan kang "linuwih apek banget" ora ono loro,pati,nelongso lan karubedan urip,lan ugo okeh woh2 an  sing enak di pangan, uga okeh kewan ingon2 kang kuthuk2,Panggonan omahe yo ono ing Pirdus kang endah banget pemandangane koyo dene pa tamanan,kewan2 kabeh dadi koncone Adam lan Kawa lan ora ono sing bakal nggawe ciloko.

Wanito kang oleh pangestune Yehuwa.
8.Sak wise pabrontakan ing Eden,manungso terus ora setyo marang Gusti Allah Yehuwah.
Akhi re opo wae kang di tindak ake soyo suwe soyo jahat.yo iki "mongso2 kang kristis lan angel di adep pi" koyo sing wus alkitab ramalake.( 2 Timotius 3:1-5) Nanging,Sedadyan okeh sing jahat,yo isih ono priya lan wanita sing netepi angger anggere Gusti Allah lan ngakoni yen Allah kuwi panguosone.
Wong2 mau podho gumantung marang pangeran Yehuwah,lan panjenengane sing mbyantu lan menehi pitulungan marang wong2 kuwi kabeh.( baca Mazmur 71:5 )

8.(a)Yok opo tingkah lakune wong2 kabeh ?
Jawab:
Sak wise pabrontakan ing Eden,manungso terus ora setyo marang Gusti Allah Yehuwah.
Akhi re opo wae kang di tindak ake soyo suwe soyo jahat.yo iki  sing di arani"mongso2 kang kristis lan angel di adep pi" koyo sing wus alkitab ramalake.( 2 Timotius 3:1-5)

(b)Sak dowoning sejarah,sopo sing Yehuwah bantu lan dukung ?
jawab:
Sing Yehuwah bantu yo wong2 utowo priya lan wanita sing netepi angger anggere Gusti Allah lan ngakoni yen Allah kuwi panguosone.
Wong2 mau podho gumantung marang pangeran Yehuwah,mulo panjenengane sing mbyantu lan menehi pitulungan marang wong2 kuwi kabeh.( baca Mazmur 71:5 )

9.Ing zaman Nuh,Yehuwah numpes wong2 kang duroko nganggo banjir bandang lan mung sethitik wong sing biso slamet.Yen sampeyan dulure Nuh priyo opo wanita wektu iku,sampeyan yo mesti melu mati keno banjir bandang iku.(Pur. d 5:30)
Cacahe wanita lan priya sing slamet soko banjir bandang wektu iku podho.
Sing slamet yoiku Nuh,lan garwane, terus katelu anake lan garwa2 ne.wong2 kuwi kabeh slamet mergo gatek ake karo Yehuwah lan nindak ake karsa Ne.Kabeh manungso sing ono sak iki yo turu nane wolung wong sing Allah ayommi.-Pur.d. 7:7; 1Ptr 3:20.

9. Piro cacahe wong sing slamet soko banjir bah zamane Nabi Nuh lan kenopo ?
Jawab:ono 8 wong,4 lanang lan 4 wadon.
yoiku Nuh, lan garwane; lan katelu anake lan garwa2 ne.
wong kuwi kabeh slamet mergo gatek ake pangandikanePangeran Yehuwah lan nindak ake karsa Ne Gusti Allah Yehuwah.
Kabeh manungso sing ono sak iki yo turu nane wolung wong sing Allah ayommi.-Pur.d. 7:7; 1Ptr 3:20.

10.Taun mengko,garwane wong kang mursid ugo di bantu lan di ayommi marang Yehuwah.
Wong  kuwi kabeh podho ora sambatan soal ka uripan,lan Gusti Yehuwah maringi berkah.( Yud 16)
Salah siji ne yo Sara. Sak mongso dewek e di printah ninggalake omah e kang kepenah ning kota Ur supoyo manggon ing kemah2,dewek e ora nelongso.kosok bali ne ,dewek e," prasetyo marang Abraham lan nyeluk Abraham nganggo "paduko  tuan ". (1 ptr 3:6 )
Ugo Ribka,garwane Ishak. Ribka iku peparinge Yehuwah sing mbejaji .Alkitab ngandak ake yen Ishak "kepencut gandrung marang Ribka ",lan.....oleh panglipur atine margo tilar donyo ibune.(pur d. 24;67 )
Sak iki umat Yehuwah muji syukur margo ono okeh wanito sing pracoyo koyo Sara lan Ribka.

10.Kenopo Yehuwah mbiyantu lan ngayomi garwane priyo2 sing mursid lan pracoyo (beriman ).
Jawab:
sebab garwane wong2 kang mursid  kuwi kabeh podho ora sambatan soal ka uripan,lan Gusti Yehuwah maringi berkah.( Yud 16)
Salah siji ne yo Sara. Sak mongso dewek e di printah ninggalake omah e kang kepenah, ing kota Ur supoyo manggon ing kemah2,dewek e ora nelongso.
kosok bali ne ,dewek e," prasetyo marang Abraham lan nyeluk Abraham nganggo "paduko  tuan ". (1 ptr 3:6 ) Sak iki umat Yehuwah muji syukur margo ono okeh wanito sing pracoyo koyo dening Sara lan Ribka.

11.Naliko bongso Israel dadi batur tukon ing Mesir,tambah sak pirang2 lan dadi bongso sing gede.
Prabu Pringon mrintah ake supoyo kabeh bayi lanang Israel sing lahir terus dipateni.Ono wong wadon loro wong Israel yo kayone kepolo bidan.Jenenge Syifa lan Pua.
Sabab karone linuwih wedi karo Yehuwa tinimbang pringon,bidan2 iku wani lan ora gelem nindak ake printahe Pringo sing supoyo mateni bayi2  lanang anak e wong Israel..
Karone mau banjur di berkahi karo Yehuwah lan di wenehi ke turunan.(Pur. d.1:15-21 )

11.Kepriye loro bidan Israel ngaunjuk ake ke wanen ?
Jawab :
Sabab karone bidan yoiku Syifa lan Pua linuwih wedi karo Yehuwa tinimbang pringon,bidan2 iku wani lan ora gelem nindak ake printahe Pringon sing supoyo mateni bayi2  lanang  soko bongso Israel.

12.Ing zaman hakim2 bongso Israel, Gusti Allah Yehuwah milih wong wadon jeneng nge Deborah dadi Nabiah.Dewek e nguat ti hakim Barak lan mbiyantu bongso israel uwal soko munsuh2 e.
Dewek e ngeramal ake yen wong wadon, dudu Barak, sing oleh kamulyan amergo ngalah ake bongso Kanaan.Musuh iki di kalah ake naliko Yael (wanita bongso Israel ),mateni Sisera,Panglimo tentara Kanaan.--Hak 4:4-9,17-22.
12.Apa sing patut di  gatek ake soko Debora lan Yael.
Jawab:
Debora lan Yael iku wong2 wadon Israel sing wani lan ugo ka dapuk dadi pahlawane bongso Israel ,naliko bongso Israel di rekodoyo deneng mungsuh2 e, wong wadon loro kuwi  merjuang kanggo mbelani bongso Israel lan ugo mateni mungsuh e  yoiku wong Kanaan. Musuh iki di kalah ake naliko Yael (wanita bongso Israel ),mateni Sisera,Panglimo tentara Kanaan.--Hak 4:4-9,17-22.





13.Delengen Abigael,wanito sing pracoyo kang urip ing abad 11 sm.Alkitab nulis yen deweke wicakksono nanging bojone,Nabal,jahat,ora gunani,lan orak duwe utek . (1 Sam 25:2,3,25 )
Sabab Daud wus ngayommi  bature lan bodho ne Nabal,amergo iku Daud ngutus prajurite njaluk pangan lan ka butuhan liyane soko Nabal jkanggo pasukane.Nanging Nabal celathu lan murko karo wong kong2 ane Daud,yo ugo ora maringi apa panjalue Daud.Banjur Daud murko lan ngerancang ake numppes Nabal sak kaluargane kabeh.
Nanging Abigail dikandani apa sing wis di  tinda ake Nabal karo utusane Daud,banjur Abigail mritah ake bature supoyo ngewenehi hadiah2 lan ugo panganan2 sing di jaluk prabu Daud.
Amergo tumindak e Abigail sing wicaksono ,mulo sang prabu Daud ora dadi mateni  Nabal.(1 sam 25:8-18 ) Sang prabu Daud ugo ngadiko ,"diluhurake  Yehuwa ,Allah Israel,sing wis ngirim awakmu dino iki supoyo methuk karo aku !"(1 sam 25:32 ) Sak wise Nabal mati ,sang prabu Daud kawin karo Abigail.-1 sam 25:37-42.

13.Apa sing Alkitab crita ake bab Abigail ?
Jawab :
 Abigael,wanito sing pracoyo ber iman kang urip ing abad 11 sm.Alkitab nulis yen deweke wicakksono nanging bojone,Nabal,jahat,ora gunani,lan orak duwe utek . (1 Sam 25:2,3,25 )
Sabab Daud wus ngayommi  bature lan bodho ne Nabal;amergo iku Daud ngutus prajurite njaluk pangan lan ka butuhan liyane soko Nabal kanggo panganan pasukane.Nanging Nabal celathu lan bengok2 murko karo wong kong2 ane Daud,lan yo ugo ora maringi apa panjalue Daud.Banjur Daud murko lan ngerancang ake numpes Nabal sak kaluargane kabeh.
Nanging Abigail dikandani apa sing wis di  tinda ake Nabal karo utusane Daud,banjur Abigail mritah ake bature supoyo ngewenehi hadiah2 lan ugo panganan2 sing di jaluk prabu Daud. Amergo tumindak e Abigail sing wicaksono ,mulo sang prabu Daud ora dadi mateni  Nabal.(1 sam 25:8-18 )

14.Naliko wong Babilon ngacur ake kutho Yerusalem lan bait te ing tahun 607 sm,akeh priyo,wanita,lan anak2 mati.Ing thn 455 sm, tembok Yerusalem kawangun maneh  di pimpin karo Nehemia.
Neng antarane sing mbiyantu ngawangun bait ono putri Syalum yo melu mbiyantu ngawangun bait iku.
Bapak putri Syalum kuwi ''penggede ing setengah distrik Yerusalem ".(Neh3:12 )Sanajan koyo ngono,para putri Syalum ora nolak panggawean kasar.Iki yo ngeling ake karo wong2 wadon kristen sing podho mbiyantu ing proyek2 krajaan diwoso iki ing saidehenging donyo!

14 (a) Putri Syalun melu mbangun pproyek opo ?
jawab:
Ing thn 455 sm, tembok Yerusalem kawangun maneh  di pimpin karo Nehemia.
Neng antarane sing mbiyantu ngawangun bait ono putri Syalum yo melu mbiyantu ngawangun bait iku.
Bapak putri Syalum kuwi ''penggede ing setengah distrik Yerusalem ".(Neh3:12 )Sanajan koyo ngono,para putri Syalum ora nolak panggawean kasar.

(b ) Apa sing podho karo wanito2 kristen jaman sak iki?
Jawab:
wong2 wadon kristen sing ono jaman sak iki yo podho semangat mbiyantu pembangunan proyek2 balai krajaan saksi2 Yehuwah ing sak idhenging donyo.

WANITA  SING WEDI KARO ALLAH (MURSID ) ZAMANE GUSTI YESUS.

15 Yehuwa ngewenei wanita hak istimewa kanggo ngabekti marang Allah.Salah sijine yoiku wong prawan jenenge Maria.Nalika dewee isih dadi tunangane Yusuf,Maria ngabdhut lumantar roh kudus e Yehuwa.Kanapa Allah Yehuwah milih Maria dadi ibune Yesus ? Mesti dewek e kuwi duweni sifat2 kang apek sing di perlokake kanggo gulo wenthah anake sing sampurno.Iku pancen hak istimewa sing gedhe bisa dadi ibu soko putra sing misuwur sak jegge urip !--Mat 1:18-25.

15.Hak istimewa opo sing Yehuwa weneh ake marang Maria ?
jawab:
Yehuwa ngewenei wanita hak istimewa kanggo ngabekti marang Allah.Salah sijine yoiku wong prawan jenenge Maria.Nalika dewee isih dadi tunangane Yusuf,Maria ngabdhut lumantar roh kudus e Yehuwa.
Mesti dewek e kuwi duweni sifat2 kang apek sing di perlokake kanggo gulo wenthah anake sing sampurno yoiku Yesus.Iku pancen hak istimewa sing gedhe bisa dadi ibu soko putra sing misuwur sak jegge urip !--Mat 1:18-25.

16.Yesus ngajeni banget marang wanita.contone:coba gatekno wektu ono wanita sing " nduweni penyakit pendarahan wus 12 tahun ". Wanita iku ndemok jubah njobone Gusti Yesus supoya dhewek e biso pulih waras.Apa Yesus duka karo wong wadon mau ? Ora . Yesus karo trenyuh lan alon2 ngandiko, "Wong wadon,iman mu wuus mbiyantu agawe awakmu waras.Wus bali o mulih karo damai lan waraso  soko penyakitmu kang miloro ati". -Mrk 5:25-34.

16.coba wenehono conto,yok opo tumindak e Yesus karo wanita ?
Jawab:
contone:coba gatekno wektu ono wanita sing " nduweni penyakit pendarahan wus 12 tahun ". Wanita iku ndemok jubah njobone Gusti Yesus supoya dhewek e biso pulih waras.Apa Yesus duka karo wong wadon mau ? Ora . Yesus karo trenyuh lan alon2 ngandiko, "Wong wadon,iman mu wuus mbiyantu agawe awakmu waras. Mulo wus bali o mulih karo damai ing atiimu lan waraso  soko penyakitmu kang miloro ati". -Mrk 5:25-34.

17 Naliko Yesus lan para rasulle lungo,ono wanita2 sing ngurus kabutuhane.(luk 8:1-3 )Lan ,Ing Pantekosta 33 M,kiro2 120 priyo lan wanita nompo roh kudus Allah karo coro kang gegumini
.(Baca kisah 2:1-4 ).
Pirang2 taun sak durunge,Yehuwa ngadiko "Aku kate jebatani rohku menyang kabeh wong, mulo anak lanang lan wadon biso ber Nubuat........malah karo  batur2 lanang lan wadon mu aku yo grojog ake rohku". (Yl 2:28,29 ) Mukjizat ing Pantekosta dadi bukti yen Yehuwa gatek ake poro priyo lan wanita iki sing wus di dapuk dadi "Israel milik Allah ". (gal 3:28;6:15,16 ) Filipus,sang penginjil , nduwe papat putri sing klebu ing antarne wanita2 sing martak ake injil ing abat sepisan.--kis 21:8,9.

17. Ono Kedadean apa naliko Pantekosta 33 M ?
Jawab:
Ing Pantekosta 33 M,kiro2 120 priyo lan wanita nompo roh kudus Allah karo coro kang gegumuni
.(Baca kisah 2:1-4 ).
Pirang2 taun sak durunge,Yehuwa ngadiko "Aku kate jebatani rohku menyang kabeh wong, mulo anak lanang lan wadon biso ber Nubuat........malah karo  batur2 lanang lan wadon mu aku yo grojog ake rohku". (Yl 2:28,29 ) Mukjizat ing Pantekosta dadi bukti yen Yehuwa gatek ake poro priyo lan wanita iki sing wus di dapuk dadi "Israel milik Allah ". (gal 3:28;6:15,16 )

'BOLO TENTORA SING GEDE' 18.Sakdurunge akkhir thn 1800 an,akeh priyo lan wanita kepengen banget mangerti ka beneran Alkitab.
Yo wong2 iku sing dadi pamulo ing martak ake kabar soko Yesus lan melu netep pi Nubuat Yesus,"Warto apek krajan Allah iki arep di wartak ake neng  sak donya sing di enggoni supoyo dadi kaseksen kanggo poro bongso: banjur  "zaman wekasan " teko ing titi mongso.-- mat 24:14.

19.Klompok cilik "siswa2 Alkitab " iku tuwuh dadi 8 yuto seksi2 Yehuwa di woso iki.Kajobo soko kuwi, ono luweh soko 11 yuto sing nekani  prajamuan peng eling2 sedaneng Gusti Yesus, lan neng kono sing okeh yo wong wadon.Ugo ono luwih 1 yuto saksi sing ngabekti "sepenuh wektu ".Ing monco negoro,perangan gedene yo wanita.Yehuwa ngewenehi wanita2 "hak istimewa" kanggo makili Allah Yehuwah .Mulo,celathu sang pe mazmur cetho wus ka teteppan,karo wanito2 sing nge wartak ake warta apek soko Gusti Allah;Yehuwah ngandiko , "Poro wanita2 sing martak ake warto apek kuwi bolo tentoro sing gede."--mazr 68:11.

18,19. (a) Hak istimewa apa sing Allah wenehake marang priyo lan wanito ?
jawab:
Sakdurunge akkhir thn 1800 an,akeh priyo lan wanita kepengen banget mangerti ka beneran Alkitab.
Yo wong2 iku sing dadi pawiwit  sing martak ake kabar apek soko Yesus lan melu netep pi Nubuat Yesus, sing unine "Warto apek krajan Allah iki arep di wartak ake neng  sak donya sing di enggoni supoyo dadi kaseksen kanggo poro bongso: banjur  "zaman wekasan " teko ing titi mongso ne.-- mat 24:14.

(b) Apa sing pa nulis jabur wedarake gandeng karo poro wanito kang martak ake warto injil?
jawab:
Yehuwa ngewenehi wanita2 "hak istimewa" kanggo makili panjenengane ,Allah Yehuwah .Mulo,celathu sang pe mazmur cetho wus ka teteppan,karo wanito2 sing nge wartak ake warta apek soko Gusti Allah;Yehuwah ngandiko , "Poro wanita2 sing martak ake warto apek kuwi bolo tentoro sing gede."--mazr 68:11.


BERKAH GEDE NGENTENI WANITO2 SING PRACOYO.

20.Ing artikel iki,kito ora biso nyi naoni kabeh wanito sing di tulis ono ing Alkitab.Nanging kito biso si nau bab iki ing Alkitab lan tulisan2 ing publikasi kito.Kito biso nge renung ake suri tulodo ne Rut lan yo ugo prasetya ne.(rut 1:16,17 ) Iman kito biso di kuat ake karo sinau bab suri tulodo ne Ratu Ester.Kito biso blajar bab wanito2 iki ing ibadat kluarga.Utowo yen kito ijen, yo kito biso nindak ake dewe secoro pribadi. 

 
20.bab opo sing apek sing biso di sinaoni ing ibadat kluarga lan ibadat pribadi ?
jawab:
kito biso si nau bab iki ing Alkitab lan tulisan2 ing publikasi kito.Kito biso nge renung ake suri tulodo ne Rut lan yo ugo prasetya ne.(rut 1:16,17 ) Iman kito biso di kuat ake karo sinau bab suri tulodo ne Ratu Ester.Kito biso blajar bab wanito2 iki ing ibadat kluarga.Utowo yen kito ijen, yo kito biso nindak ake dewe secoro pribadi. 

21.Cetho, Yehuwah maringi berkah marang pamartaan poro wanito sing ber iman,malah wektu mongso2 sing karubedan.contone : sa mongso panindesan zaman Nazi  lan pamarintahan komunis,Yehuwah mbiyantu poro wanito sing ber iman  supoyo tetep setyo marang yehuwah.Okeh wong kang karubedan,malah ono sing di pateni margo setyo marangGusti Allah.(Kis 5:29 ) Koyo dening wong2 wadon kristen di woso iki lan sing liyane  isih ngakoni Yehuwah sing dadi pengusone.Podho karo sing di pangandikak ake Yehuwah marang bongso Israel kuno,Yehuwah ngadiko marang bongso iku ,"Ojo wedi . Yoo Aku sing  kate nulungi kowe kabeh."-- Yes 41:10-13.

21.Koyo ngopo wanito2 sing pracoyo ndeleng ake prasetyo ne ngawulo karo Gusti Allah Yehuwah ?
jawab:
contone : sa mongso panindesan zaman Nazi  lan pamarintahan komunis,Yehuwah mbiyantu poro wanito sing ber iman  supoyo tetep setyo marang yehuwah.Okeh wong kang karubedan,malah ono sing di pateni margo setyo marangGusti Allah.(Kis 5:29 ) Koyo dening wong2 wadon kristen di woso iki lan sing liyane  isih ngakoni Yehuwah sing dadi pengusone.Podho karo sing di pangandikak ake Yehuwah marang bongso Israel kuno,Yehuwah ngadiko marang bongso iku ,"Ojo wedi . Yoo Aku sing  kate nulungi kowe kabeh."-- Yes 41:10-13.

22.Ing wektu tembe,Priyo lan wanito sing mursid kate di guna ake kanggo mbiyantu mayuta yuta wong sing di urip ake soko ing pepati ,supoyo di wulang maneh si nau bab Gusti Allah Yehuwah lan karsane sing  gegumini kanggo manungso.Wong kuwi kabeh yo melu dadek ake bumi dadi Pirdus.
Sak  durunge iku wis ono ing titi mangsane,hayoo monggo kita gatek ake "Hak istimewa " ngabekti marang Yehuwah " bahu membahu ".-- zef 3:9.
12. Hak Istimewa opo sing kitho biso enteni ing mong so ngarep ?
Jawab :
Ing wektu tembe,Priyo lan wanito sing mursid kate di guna ake kanggo mbiyantu mayuta yuta wong sing di urip ake soko ing pepati ,supoyo di wulang maneh si nau bab Gusti Allah Yehuwah lan karsane sing  gegumini kanggo manungso.Wong kuwi kabeh yo melu dadek ake bumi dadi Pirdus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar